Hadhy Ghathan

Menyajikan berberapa artikel yang di butuhkan bagi siswa

Blog Archive

Powered by Blogger.

Labels

Popular Posts

Gallery

Follow us on FaceBook

About

Popular Posts

ASAL USUL DHUSUN SUGIHREJO



ASAL USUL DHUSUN SUGIHREJO

Saderengipun dhusun Sugihrejo wonten, sampun madeg sekawan dhukuh injeh punika dukuh popoh, kinjeng, pasinggahan, lan pakis.
Mabah Gunder yaiku sesepuh teng dhukuh ingkang sakniki kaparingan asma dhukuh Popoh Wekdal Semanten wonten kadadosan perang antawisipun dhukuh popoh lan dhusun gabus. Kadadosan paprangan ingkang sengit amargi nggunakake keris. Teng meriku salah setunggal tiang niku di pupoh. Paprangan niku kadadosan dangu ngantos akhir / mapak ingretek. Khatah tiang ingkang seda. Salah satunggalipun Mbah Guder. Mbah Guder seda amargi kena keris lan jasad ipun di makamaken wonten sekitar retek. Sehingga kaparingan asma “retek Gunder” Mbah Gunder tasih njaga teng retek niku. Amargi jarih payah Mabh Guder, dukuh niku kaparingan asma “dhukuh Popoh”.
Sateruse, keris ingkang digunaken wonten paprangan di singgahake wonten gryane mbah Slamet, griyanipun mbah slamet kagem panggenan singgah. Keris niku disinggahken wonten griyane Mabh Selamet amargi panggonane strategis, mboten gampang diliwati tiang – tiang. Sahingga, kaparingan asma “dhukuh Pasinggahan”
Wonten perjalanan wangsul, sekelompok tiang ingkang nyinggahake keris di hadang para warga. Griya teng zaman niku, kadamel saking preng (Gedhek). Sahingga tiang ingkang wonten ing dalem griya padha nginjen. Mboten wonten tiang ingkang wanton medal. Sehingga kaparing asma “dhukuh Kinjeng”
Mbah Merto Guno dados pemimpin. Panggantine mbah Merto Guno yaiku petinggi tuwa gantine mbah sarman. Teng mriku, dhukuh di pimpin Mbah Sarman. Sekawan dhukuh niku rakyatipun sugih – sugih lan kathan gaweaan. Kathah tiang saking dhusun liya ingkang padha rawih kagem nyambut gawe. Salajengipun mbah sarman ngundang sekawan kepala dhukuh. Saking musyawarah niku, disepakati sekawan dhukuh niku badhe di dhadhosaken setunggal. Injeh puniko saking asma sugih ingkang arti rakyat ingkang sugih. Sugih lan rejo iangkang arti kathah peluang kaghem nyambut gawe. Sahingga kaparingan asma dhukuh “dhusun Sugihrejo”
Bagikan :
+
Previous
Next Post »
0 Komentar untuk "ASAL USUL DHUSUN SUGIHREJO"

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top