Hadhy Ghathan

Menyajikan berberapa artikel yang di butuhkan bagi siswa

Blog Archive

Powered by Blogger.

Labels

Popular Posts

Gallery

Follow us on FaceBook

About

Popular Posts

ASAL USUL DUKUH PONDOK



ASAL USUL DUKUH PONDOK

            Dek jaman biyen, ana alas kang ora pernah diambah manungsa. Wit – witane rapet tur peteng banget, alas mau isine mung kewan – kewan kang buas.
          Waktu semono, ana kyai sing sakti mandraguna kang nduweni karep mbabat alas mau kang aran Ki Sentana. Ki Sentana nduweni bojo jenenge Nyi Warti. Saben ngemboro mesti karo bojone.
          Alas sing maune peteng banget dadi pada amargo dibabat Ki Sentana. Ki Sentana ngendhekake Pondok kang artine Omah. Ing alas iku mau, mula Ki Sentana ngucap “Dene yen ana reja – rejane jaman alas iku mau tak jenakno Dukuh Pondok.
          Sawijining dina Ki Sentana tukaran kalian bojone amargi Nyi Warti ngingoni asu 2. Asu kuwi dijenakno asu bisu amargo dene yen ketemu manungsa ora gelem jugog, saben jum’at pon utawa ape ana wabah penyakit asu iku ngubengi alas sing didadeake Dukuh Pondok.
          Nyi Warti nesu amargo Ki Sentana ora gelem mbuak asu kuwi, Nyi Warti minggat menyang bumi Katan lan manggon ing sawijining sendang. Nyi Warti wafat lan dimakamno ing sendang kui mau. Makame Nyi Warti ilang ketutup lemah. Masyarakat Dukuh Pondok nduweni kepercayaan yakuwi dene yen nduwe gawe kudu adus utawa ngombe banyu sendang peng telu.
          Ki Sentana wafat lan dimakamno ing pemakaman dukuh Pondok. Sendang, makame Ki Sentana, asu bisu isih ana nganti saiki, angger dino jum’at pon, asu kuwi mesti ngubengi dukuh Pondok lan mlakune iring – iringan. Warnane asu iku yakuwi ireng polos lan putih polos.

Bagikan :
+
Previous
Next Post »
0 Komentar untuk "ASAL USUL DUKUH PONDOK"

 
Template By Kunci Dunia
Back To Top