ASAL USUL DUKUH TEGAL MALANG
Jaman mbiyen dukuh Tegal Malang yaiku alas
belantara. Ana wong sing lungo semedi, deweke jenenge Brengkal. Neng ndalan
deweke nemokno salah siji alas lan deweke semedi ning alas karo bala – balane
alan mangan nang alas kuwi.
Brengkal nduwe akan nggo ndandake alas kuwi dadi
dusun sing dipimpin deweke dewe lan dadi dusun sing rejo. Kabeh bala – balane
cepet – cepet nebang wit – witan sing gedhe – deghe. Pas nebang wit sing gedhe,
brengkal lan bala – balane ngorongen. Nanging neng alas niku ora ono banyu.
Terus brengkal nemokno wit asem neng lemah seng malang kuwi, asem niku
didadeake pengganti banyu. Akhire wis bar seng nebang.
Akhire alas mau resik lan padang. Lan Brengkal nembe
ngadekake omah neng alas iku. Waktu ngadekake omah, Brengkal nyawang siji tegal
sing aneh yakuwi tegal sing malang madep ngidul. Tegal iku didadeake dusun
TEGAL MALANG sing artine tegal sing malang ngadep ngidul.
Dusun kuwi sanget ayem tentrem yen dipimpin
Brengkal. Nganti pirang – pirang taun brengkal mimpin, akhire Brengkal mati.
Brengkal dikubur neng omah sing di bangun mau neng ngisor wit asem sandeng
sumur.
0 Komentar untuk "ASAL USUL DUKUH TEGAL MALANG"